Sing diarani Suplemen

Posted by Unknown on Friday, July 6, 2012

Sing diarani suplemen yaiku tambahan vitamin lan mineral, tumrape wong sing kekurang vitamin lan mineral. Sejatine kanthi mangan sing becik menune, kebutuhani vitamin lan mineral wis kacukupan, sebab sing diperlokake mung sethithik.

Nanging ana kalane wong butuh tambahan vitamin lan mineral mergo sawijine ing ngisor iki:
1. Mentas lara.
2. Wis tuwa.
3. Bubar operasi abot.
4. Nduweni penyakit tartamtu.

Panganan sing nyukupi syarat 4 sehat 5 sempurna wis cukup tumrape awak kanggo kebutuhane aktivitas saben dino. Nanging kadhangkolo vitamin lan mineral sing mlebu weteng mau ora iso disesep dening usus kanthi sampurno utowo vitamin mau ilang naliko dimasak.

Pola mangan wong jaman saiki beda banget karo jaman biyen. Saiki sing ditengenake rasane, dudu mutune.
Mulo iku butuh suplemen kanggo nambahi panganan sing kurang mutu gizine mau. Dadi mung golek coro gampange wae.
Kamongko sejatine suplemen mau regane ora murah, luwih murah panganan asline.

{ 0 comments... read them below or add one }

Post a Comment